Panjerino
Sewengi tan biso nendro
Gawang-gawang katon ning netro
Tak sesuwun mugi enggal enjang
Ngekes ing ati sing kapang
Yen lintange panjerino
Wus semburat sumunar ngalelo
Aku wus anganti-nganti tenan
Aning Stasiun Balapan
Prasasat koyo sewindu
Ngantu-antu ngenteni tekamu
Bedapok angraket asmoro
Nadyan mung rahino
Ning ing roso mung sedelo
Yen lintange panjerino
Melu setyo ngewangi ngenteni
Yen sepur senja wis katon teko
Esemu nambani ati...
Ketaman Asmoro
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Ngrasakke atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati
Terminal Tirtonadi
Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali
Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu
Moso rendeng wis ganti ketigo
Opo kowe ra kroso
Nek kowe esih eling lan tresno
Kudune kowe kroso
Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali
Wis suwe3x
Kangen sing tak rasakke
Rasane3x
Rasane koyo ngene
Neng kene3x
Aku ngenteni kowe
Aku kangen
Kangenku mung kanggo kowe
Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu
Wis suwe3x
Kangen sing tak rasakke
Rasane3x
Rasane koyo ngene
Neng kene3x
Aku ngenteni kowe
Aku kangen
Kangenku mung kanggo kowe
Belum ada komentar untuk " LIRYK CAMPURSARI "
Posting Komentar